SAMBUTAN SHOHIBUL MUSHIBAH
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
إِنَّا لِلّهِ وَإِنَّـا إِلَيْهِ رَاجِعُونَ
كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ ۗ وَإِنَّمَا تُوَفَّوْنَ أُجُورَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۖ فَمَن زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَأُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ ۗ وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا مَتَاعُ الْغُرُورِ".
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Dumateng mu'taziin soho mu'taziat engkang kulo hormati, alhamdulillah kanti rohmatipun Allah engkang moho Asih, wonten ing wekdal enjing meniko kito taseh pinaringan rohmatipun, arupi kesarasan shihah wal 'afiyah saget rawuh wonten ing griyo duko ngriki, wonten ing adicoro pametaking layon suwargi..... ing siang meniko.
Sholawat soho salam mugio tansah katur dumateng junjungan kito, Nabi agung Muhammad shollallahu 'alaihi wasallam, kanti pengajeng ngajeng mugio kito estu dipun akeni dados umatipun, benjang wonten ing yaumil akhir kito pikantuk syafaatipun.
Amin.
keparengo matur, kawulo minangkani wakil utawi talang ipun atur keluwargi engkang nembe nandang belo sungkowo, ngaturaken agungeng panuwun dumateng panjenengan sami engkang sampum kepareng rawuh wonten ing griyo duko mriki, sakperlu paring pakurmatan soho doa adicoro pametaking layonipun suwargi......
mboten kesupen keluwargi ugi ngaturaken agunging panuwun engkang tanpo upami dumateng panjenengan sedoyo engkang sampun paring pambiyantu wujud punopo kemawon, engkang sedoyo wau katujuaken soho mahaneni entenging sesangganipun keluwargi. Keluawargi ing mriki mboten saget paring lelintu punopo punopo, kejawi namung memuji dumateng Allah, mugio sedanten lampah panjenengan kacatet dados amal engkang sae, soho mugio pikantuk piwales saking Allah subhanahu wata'ala.
Amin.
Mu'taziin soho mu'taziat engkang kawulo hormati, perlu kulo aturaken, estunipun sampun estu upoyo lan ikhtiaripun keluargi naliko nandang gerahipun suwargi..., kersanipun saget sehat malih, ananging sedanten sampun dados pepestening Allah, pramilo kanti tentrem suwargi.... sampun sowan dateng Allah, rikolo dinten...., wanci tabuh....., wonten ing....,
Selajeng ipun kawulo minangkani talang aturipun keluwargi, nyuwun dumateng panjenengan sedoyo, kersoo paring dungo soho waosan tahlil wiwit mangkeh dalu sakmantunipun maghrib ngantos pitung dintenipun, migio kanti lantaran doa soho waosan tahlil panjenengan sedoyo sakmangkih, dadosaken lantaran amal saenipun suwargi... dipun tampi, soho amal awonipun dipum ngapunten, sehinggo suwargi .... dipun papanaken panggenan engkang sakmestinipun, inggih puniko suwargonipun Allah. Selajeng keluwargi engkang dipun tilar, mugi keparingo manah engkang tabah, ihklas lan tawakkal.
Amin.
Mu'taziin mu'taziat sedoyo, arikolo sugengipun suwargi..., srawung dumateng panjenengan sedoyo, arupi atur utawi lampahipun bileh wonten lepatipun kawulo minangkani talang aturipun keluwargi sepindah maleh nyuwun agunging pangapunten, soho mbok bileh suwargi... naliko sugengipun puniko anggadahi tanggungan piutang dumateng panjenengan, kersoho matur dumateng keluargi, ewo ndene panjenengan ewuh utawi pakiwuh kersoo panjenengan ikhlasaken.
cekap pematur kawulo
وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
Creator ; Ahmad fathony masyhury assamaronjy
Copy right © 2025 kopi santri keling - All rights reserverd