<< اللهم صل على محمد وسلم >> << اللهم صل على محمد وسلم >>

Minggu, 05 Oktober 2025

003. PASRAH TEMANTEN BAHASA JAWA

PASRAH TEMANTEN BAHASA JAWA


            السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

الحمد لله رب العالمين وبه نستعين على امور الدنيا والدين والصلاة والسلام على سيدنا محمد وعلى آله وأصحابه اجمعين. اما بعد.

   Poro rawuh kakung sumowono putri engkang tuhu kinormatan.

   Dumaten poro alim, poro sesepuh, pinisepuh ugi adi sepuh kasepuhan dusun ..... engkang tuhu kinurmatan ugi tansah kinakbekten.

   Dumateng pangombyong temanten kakung  ugi sagotrah tamu undangan engkang kinormatan.

    Ingkang sepindah sumonggo kawulo derek aken sareng sareng muji syukur dumateng Alloh SWT, engkang sampun maringi rohmat soho nikmat, arupi sehat dumateng kulo lan panjenengan sami, sahinggo kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan wonten ing majlis walimah puniko.  biqoulina Alhamdulillahi robbil 'alamin, Mugi-mugi pepanggihan kulo lan panjenengan sami eonten ing kesemoatan siang meniko saget ambeto manfaat, fiddinii waddunnya wal akhiroh, khususipun dumateng temanten kekalih sumrambah dumateng kulo soho panjenengan sami.
Amin Allahumma Amin....

    kaping kalihipun sumonggo kulo derek aken sareng sareng ngaturaken sholawat soho salam, dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, nabi pungkasan ingkang kito antu – antu syafaatipun benjang ing yaumil akhir, biqoulina Allohumma sholli 'ala Muhammad wasallim, mugio kito estu dipun akeni dados umat ipun kanti pengajeng ngajeng benjang pikantuk syafaatipun Amin Allahumma Amin...

    Poro rawuh engkang tuhu kinormatan!

    Wonten ing mriki kawulo minongko talangipun atur saking bapak ......, ngaturaken agunging panuwun dumateng sagotrah tamu undangan, engkang sampun sami kerso angrawuhi undangan walimah temanten saking bapak ....., engkang punopo wonten ing kesempatan siang puniko bapak ...... bade andaupaken putrinipun engkang sesulih Roro ayu ...... kalian Roko Bagus ......

    Saklajengipun kawulo atas nami bapak ....., ngaturaken sekatahing pangapunten, mbok bilih anggenipun nyepaki dumateng kerawuhan panjenengan sami puniko gupuh lungguh ugi suguh mboten nyocoki dumateng manah panjenengan sami. Gupuh ateges ing ndalem nampi kerawuhan panjenengan sami mboten sopan, lungguh ateges panggenanipun ingkang semrawut kados mekaten, suguh ateges unjukan soho dedaharan ingkang sederhana kemawon. Sepindah malih kulo atas nami sohibul hajah ngaturaken agungeng pangapunten.

     Poro rawuh ingkang tuhu kinurmatan

    Selajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking wali temanten putri inggih puniko Bopo ..... nampi kanti leganing penggalih pasrah temanten saking Bopo .... minongko talangipun atur saking walinipun temanten kakung inggeh puniko bopo..... 
Nggeh selami temanten kekalih sakmangkeh dereng anggadahi griyo piyambak, umpami wonten ing griyo mriki kersanipun dados tanggung jawabipun keluargi mriki, bileh mawi wonten ing mriko kersanipun dados tanggung jawabipun keluargi mriko.

    Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan.

    Saklajengipun kawulo ugi atas nami sohibul hajah, namung saget ndongaakan dumateng  rombongan pengiring temanten ugi sagotrah tamu udangan, mbok bilih sakmangkeh saksampunipun adicoro paripurno, saget kondor tumuju dalemipun piyambak-piyambak mboten wonten stunggal alangan rubedo punopo. Amiin.

    Sajakipun wekdal sampun sakantawes siang, cukup meniko ingkang kawulo aturaken, katah atur mesti katah luputipun, saking kawulo pribadi ngaturaken seh samudro pangaksami.

Kawulo akhiri, Wabillahi taufiq walhidayah wal 'afwa minkum.
wassalamu 'alaikum wr. wb.



Creator ; Ahmad fathony masyhury assamaronjy

Copy right © 2025 kopi santri keling - All rights reserverd

Tidak ada komentar:

DAFTAR ISI

003. PASRAH TEMANTEN BAHASA JAWA

PASRAH TEMANTEN BAHASA JAWA             السلام عليكم ورحمة الله وبركاته الحمد لله رب العالمين وبه نستعين على امور الدنيا والدين والصلاة والس...